Nunggu (Puisi Ngapak)
Nunggu
Aku nunggu tekamu wis nganti sewindu
Neng kene saben bengi nganti angel turu
Siki wis wektune nglilakna kowe
Senajan abot tapi wis dadi dalane
Manuk prit ganthil gemantung nyedot legine kembang
Aku ketantil digantung rasa sing tansah ngambang
Neng Jero ati sing paling jero aku takon karo awake dewek,
apa aku perlu dadi Indomie ben bisa dadi seleramu
Apa aku perlu dadi mobil kidang ben ra ana lorone
Apa aku perlu dadi Rexona ben bisa setia setiap saat
Apa aku perlu dadi rokok sejati ben bisa gawe bangga
Ujug-ujug kowe ngrisiki,
"Apa aku perlu dadi kecap bango, soale rasa ra bisa nglombo."
----
Derix Al Kosamby, Karawang, 12-9-2018
Lingkar Sastra Gombong (Lisong)
Leave Nunggu (Puisi Ngapak) to:
Read more #poetry posts
Best Posts From sentanu74
We have not curated any of sentanu74's posts yet. But you can encourage our curation team to review posts by visiting them regularly and by referring other readers. Because we give priority to frequently read content.