Wong Braling avatar

Steem Ngapak!

wongbraling

Published: 11 Nov 2019 › Updated: 11 Nov 2019Steem Ngapak!

Steem Ngapak!

Gendu-gendu rasa karo kanca, crita ngalor-ngidul tentang dunia online, utamane Steem ternyata akeh sing pada kangelen nggawe lan nulis posting konten sing apik. Rata-rata kanca kabeh neng ndesa urung bisa mudeng tentang cara kerja Steem.

Tek critani neng Steem kue mirip nggawe status neng FB, WA utawa twitter. Kanca pada takon apa bisa posting nganggo basa jawa ya? Basa Jawa atawa biasa disebut Ngapak kue basa harian neng wilayah Jawa, Indonesia. Jane kan basa Jawa ora kur neng wong Jawa tok ya, menurut berita kiye https://www.goodnewsfromindonesia.id/2017/07/28/siapa-sangka-6-negara-ini-gunakan-bahasa-jawa-sebagai-bahasa-sehari-hari neng Malaysia, Singapur, Suriname, Kepulauan Cocos, Kaledonia Baru, lan wong Landa (Belanda). Berarti kan jane Basa Ngapak cukup mendunia ya. Makane kan Wong Ngapak ora perlu isin. Sebab Basa Ngapak termasuk basa sing unik lan menarik. Ciri khase Inyong lan rika kabeh.

Basa Ngapak utamane neng daerahku, neng ndesa, pada Ngapak kabeh ngomonge. Dadi pada usul kepriwe carane mayuh pada nggo nggampangna kanca pada nggawe postingan konten, njur nggone posting sing tesih kangelan basa Indonesia, apa maning basa Inggris, berarti nganggo basa Ngapak ya bisa. Nganggo Basa Jawa. Basa Jawa Ngoko. Memang ana basa jawa ningrat, basa sing lewih alus. Tapi nggo sehari hari ya Ngapak is The Best. Sing penting kan kabar informasine butul sesue sing dekarepna.

Kira kira kepriwe kue Pak rokhani@rokhani , soale supayane Steem kue bisa ngaweh manfangat senajan nggo wong ndesa. Wong ndesaha ya ora olih ketinggalan jaman, apa maning kue hal sing positif sing bisa ndadikna dalan rejeki.

Lha, mangkane kie ada usul nggawe komunitas ngapak, tahap awal nggo sekitaran kene baen, wong purbalingga khususe, ngger bisa kanggo sedulur ngapak kabeh. Niate nggawe komunitas steem-ngapak@steem-ngapak sing rep debentuk neng minggu kie, tembe tetek anggota :

  1. lokal purbalingga :
    denbaguse@denbaguse
    wongndeso@wongndeso
    tapsir-purba@tapsir-purba

  2. lokal purwokerto, tapi tesih rung aktif tembe posting pira tok :
    yebe@yebe
    aryceppy@aryceppy
    alesya12@alesya12
    saesanget@saesanget

lan akeh kanca sing wis pada minat uga tapi rung bisa detulis neng kene. Muga-muga bisa terbentuk komunitas ngapak sing solid, utamane nggo njaga lan ningkatna kerukunan, media komunikasi, mbagi kabar lan berita sing positif. Syukur-syukur bisa dadi dalan rejeki. Syukur-syukur bisa nggo dadi dalan golet madang wareg, awak sehat bergas desambi Steemitan. Malahan ana sing ngomong Crypto Nggo Madang juga bisa he..he.. Jerene shilaturahmi dadi njembarna rejeki. Shilaturahmi online ya lewate media sosial. Lewat Steem uga bisa.

Nganggo Tag utawa Keyword : Ngapak, ben gampang de golet.

Ora ngapak,ora kepenak.
Seduluran Selawase

Mayuh, inyong-rika, kabehan pada Steemitan. Dadine aktifitas media sosial lewih manfangat.

Salam kanggo kanca Ngapak sedunia, muga-muga rika pada sehat waras bergas, ora kurang mangan, madang kepenak, kerja sengkud, hasil berkah, turune angler. Anak bojo pada rukun kabeh.

Kepriwe miturut rika?

Leave Steem Ngapak! to:

Written by

Decrypted Destiny To Success

Read more #ngapak posts


Best Posts From Wong Braling

We have not curated any of wongbraling's posts yet. But you can encourage our curation team to review posts by visiting them regularly and by referring other readers. Because we give priority to frequently read content.

More Posts From Wong Braling